Sabtu, 15 Agustus 2020

 Piweling 3


Anakku...

jaman iki wis owah

akeh sawah di tanduri umah

ra ana wong susah

jalaran sandang pangan wis njeprah

nganti di buang neng runtah

Anakku...

bungah susah kuwe  saka awake dewek

mula kudu bisa ngerteni lan metani 

ora kena adol salah maring leliyan

ana deleng di deleng, ana rungu di rungu

menungsa ora urip bola bali

nandura kebecikan senajan amung esemmu

andhap ashor sepadha-padha lewih mulya

sebab menungsa ora kena ati duwur

sing duwur  gusti Alloh

Anakku...

iki jaman akeh wong pinter

aja mung ngliker nganti awake bunder

sapa sing temen bakal tentrem

kanggo sangu mlaku maring swarga.



Ummi HaPe

15 Agustus 2020






Tidak ada komentar:

Posting Komentar